SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Kelangan omah merga kobongan alas durung suwe iki ndadekake bulus sedhih banget. Saliyane sedhih bulus bingung kudu golek papan ngiyup ing ngendi kanggo nglindhungi awake saka panas, udan, lan angin. Apa sing dialami bulus iki ndadekake kanca-kancane bulus padha susah. Sejatine akeh kanca sing padha nawani papan sawetara kanggo ngiyup. Nanging bulus nolak tawarane kancane kanthi alus lan sopan.
Awan kuwi hawane panas banget. Bulus pengin golek papan kanggo ngiyup. Dheweke banjur mlaku adoh banget nganti tekan ereng-erenge gunung. Saka kadohan bulus weruh ana guwa cilik sing sajak kepenak banget dipanggoni. Apa maneh ora adoh saka guwa kuwi ana wit gedhe sing ing ngisore ana sendhang sing bening banget banyune.
Kanthi sisa-sisa tenaga sing diduweni bulus nyengkakake lakune. Apese guwa sing diparani kuwi beda kaya sing dikarepake. Maune bulus mbatin yen guwa kuwi ambune seger. Nanging sing dumadi suwalike. Ambune guwa kuwi pesing banget. Kahanan iki dumadi jalaran guwa kuwi dadi sarange lawa.
Weruh kahanan kang kaya ngono ndadekake bulus pengin golek papan liya sing kena didadekake omah kang nyaman kanggo dipanggeni. Nanging gandhenge hawane panas banget lan tenagane akeh sing wis kakuras. Bulus pengin ngaso ing sangisore wit gedhe ing cedhake guwa lan pengin padusan ing sendhang.
Awan-awan padusan ing sendhang kang bening banget banyune. Kasil ndadekake atine bulus seneng banget. Dheweke kaya-kaya lali marang omahe sing mentas kobongan. Bareng dirasa cukup anggene padusan. Bulus banjur mentas lan teturon ing sangisore wit gedhe. Kegawa awak sing kesel lan angin sing silir-silir. Bulus sing kekeselen banjur keturon.
Sawetara wektu candhake bulus nglilir. Pinuju nglilir bulus kaget banget bareng ngerti ana pulut sing tumempel ing gegere. Maneka cara ditindakake kanggo ngilangi pulut ing gegere. Nanging bulus ora ngerti kepriye carane.
Sawise mikir sawetara wektu. Bulus kepikiran ngilangi pulut ing gegere kanthi ngoserake menyang godhong lan pang-pang garing ing cedhake wit mau. Nanging orane ilang. Sing dumadi malah suwalike. Godhong lan pang-pang garinge sing diajab ngilangi pulut ing gegere malah tumempel ing gegere.
Kahanan iki ndadekake bulus sedhih lan isin. Bulus isin merga gegere sing maune alus saiki dadi kebak godhong lan pang-pang garing. Ora watara suwe ana swara sing banget ditepungi. Swara kuwi mujudake swara manuk dekuku sing nate nawani dheweke papan kanggo ngiyup. Merga bulus ora pengin dekuku ngerti kahanane sing saiki. Bulus banjur ndelik menyang rerungkutan sacedhake sendhang.
“Kira-kira apa sing ditindakake dekuku ing kene?” batine bulus.
Saka papane singidan. Bulus bisa ngulati apa sing ditindakake dekuku. Wektu kuwi bulus ngerti dekuku katon njupuk sethithik pulut saka wit ing cedhake sendhang lan bali mabur maneh. Apa sing ditindakake dekuku iki ora mung pisan. Nanging bola-bali. Sesawangan kang kaya ngene iki sing ndadekake bulus mikir.
“Pulut kae bakal kanggo apa ya kira-kira? Gek aku kok kaya kenal banget karo ambu pulut iki ya? Kira-kira aku tau mambu ing ngendi ya?” takone bulus ing njero ati.
Sinambi mikir, dumadakan bulus kelingan.
“Oh, iya. Aku kelingan. Aku nate mambu ambu kaya ngene iki ing omahe dekuku. Yen ngono dekuku mau njupuki pulut kae kanggo mbangun omahe sing anyar,” ujare Bulus.
Kelingan pulut ing gegere bisa digunakake dekuku kanggo mbangun omah. Bulus pengin nyonto sing ditindakake dekuku. Nanging bulus pengin nggawe omah sing beda klawan omahe sing wis kobong. Bulus pengin nggawe omah sing ora gampang kobong.
Wiwitane bulus bingung kanggo nemtokake bahan apa sing ora gampang kobong. Saliyane kuwi bulus duwe pepinginan nggawe omah sing tansah bisa dijaga saben dinane. Dadine lamuna ana bebaya sing ngancam omahe. Bulus bisa nylametake omahe saengga dheweke ora bakal ngalami nasib kaya sing dialami saiki.
Kanggo nggoleki wangsulan saka apa kang dipikirake. Bulus mlaku-mlaku ing sapinggire sendhang. Sawetara wektu candhake, bulus ngulati pecahan watu sing endah banget. Wujude gepeng lan gilap banget.
“Wah, cocok iki,” batine Bulus seneng.
Pecahan watu sing gepeng lan gilap kuwi banjur dijupuki lan dikumpulake. Anggene milih digawe temanan. Merga bulus pengin nggawe omah sing apik lan kuwat. Sawise nemu pecahan watu sing dikarepake. Pecahan watu mau disambung lan digawe kaya helm nganggo pulut. Bareng wis dadi banjur dipasang ing gegere bulus.
Anggene nyoba ora mung pisan-pindho nanging bola-bali. Senajan kesel lan angel kanggo nggawe omah sing dirasa sreg ora gampang. Nanging bulus ora gelem nyerah. Dheweke terus ngupaya nganti omah sing digawe nganggo pecahan watu mau sreg kanggone. Bareng makaping-kaping nyoba. Wusanane bulus kasil nemokake ukuran sing sreg.
“Tapi kok abot banget, ya?” batine bulus sakawit. “Ah, abot ora dadi ngapa. Sauger aman lan kepenak dipanggoni. Menyang ngendi wae omah anyarku iki bakale dakgawa,” jawabe bulus dhewe.
Kanthi cara nggawa menyang ngendi omahe. Tur omahe kuwi abot banget. Cetha ndadekake anane owah-owahan tumrap Bulus. Biyen sadurunge nggawa omahe. Bulus kuwi kagolong kewan sing playune rikat banget. Nanging bareng saiki menyang ngendi-endi kudu nggawa omahe. Lakune bulus dadi alon banget.
Kahanan sing kaya ngene iki ndadekake bulus diece karo kancane. Nanging pangece saka kancane sing kaya ngono iku babar pisan ora dianggep. Saupama ditantang balapan mlayu. Yen tantangane mung saka papan siji menyang papan sijine bulus mesthi nolak. Nanging yen tantangane balapan mlayu dhisik-dhisikan mlayu tekan ngomah. Bulus mesthi ngacung paling dhisik. Jalaran bulus yakin dheweke sing bakal dadi pemenange.
Saiki masia lakune dadi alon nanging bulus seneng banget. Jalaran dheweke bisa terus njaga omahe sinambi dolan. Saliyane kuwi bulus uga ora wedi maneh kanginan, kudanan, lan kepanasan. Merga omahe sing saiki luwih bakoh tinimbang omahe sing biyen.

*Zuly Kristanto
Pandhemen Sastra Jawa mapan ing RT 02/RW 06 Desa Mirigambar, Kecamatan Sumbergepol, Kabupaten Tulungagung

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya